Khutbah Hari Raya Idul Adha 1440 Hijriyah


Berikut ini kami sajikan teks khutbah Idul Adha 1440 H berbahasa Jawa
Link download ada di bawah 

___________________________________________

HIKMAH QURBAN INGKANG IKHLAS
Oleh : LDNU PCNU Trenggalek
 _____________________________

اَللهُ اَكْبَرْ (x 9) اَللهُ اَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَاَصِيْلاً, لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاَللهُ اَكْبَرْ اَللهُ اَكْبَرْ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ. اَلْحَمْدُ لِلَّه رَبِّ الْعَالَمِيْنَ مَا تَحَرَّكَ مُتَحَرِّكٌ وارْتَجَّ, وَلَبَّ مُحْرِمٌ وَعَجَّ, وَقَصَدَ الحَرَمَ مِنْ كُلِّ فَجٍّ, وَاُقِيْمَتْ فِيْ هذَه اْلأَيَّامِ مَنَاسِكُ الْحَجِّ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ,لَهُ الْمُلْكُ الْعَظِيْمُ اْلأَكْبَرْ,وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِيْنِ,وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ الْكِرَامُ. أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِىْ بِتَقْوَى اللهِ. وَاعْلَمُوْا اَنَّ هٰذَاالشَّهْرَ شَهْرٌ عَظِيْمٌ.وَاَنَّ هٰذَا الْيَوْمِ يَوْمُ عِيْدِ الْمُؤْمِنِيْنَ. يَوْمُ خَلِيِلِ اللهِ اِبْرَاهِيْمَ أَبِي اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ. أَمّا بَعْدُ.
فَيَا عِبَادَاللهِ, اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.قَالَ اللهُ تَعَالَى: فَلَمَّا جَنَّ عَلَيْهِ اللَّيْلُ رَأَى كَوْكَبًا قَالَ هَذَا رَبِّي فَلَمَّا  أَفَلَ قَالَ لآَأُحِبُّ اْلآَفِلِيْنَ

Kaum Muslimin Jamaah Sholat Idul Adha Rahimakumullah
Alhamdulillah...alhamdulillah..tsumma alhamdulillah, wonten ing enjing meniko, kito sedoyo saget ndere’aken sholat Idul Adha malih, kados tahun kepengker. Monggo kito sedoyo tansah ningkataken ketaqwaan dateng ngarsane Allah swt, inggih meniko tansah nglampahi sedoyo perintahipun Allah, saking perintah ingkang wajib, ugi perintah ingkang sunah. Ugi tansah nebihi nopo ingkang dados laranganipun Allah, larangan ingkang sifate Haram, larangan ingkang sifate makruh, ugi ingkang bersifat syubhat.
Wonten ing enjang meniko, sedoyo kaum muslimin wonten ingkang ninda’aken ibadah Haji, ingkang dados tamune Allah, wonten ingkang taksih nyipeng (bermalam) wonten ing Muzdalifah, sebagian sampun wonten ing Mina, sauger ninda’aken  Jumroh  Aqobah. Sedoyo ngagem ageman ihrom, senaoso sedoyo wau, saking tlatah ingkang benten, saking sedoyo belahan dunyo. Saking pinten2 negoro lan bongso ingkang mboten sami, rupo kulit ingkang reni-reni,  tradisi lan adat ingkang bedo, profesi ingkang benten setunggal  mboko setunggale. Ananging sedoyo wau kagungan niat ingkang sami, inggih meniko ninda’aken “timbalan saking ngarsane Allah swt”, dados tamune Allah. Inti saking ibadah meniko, nggih meniko wontene kesadaran raos kebersamaan, paseduluran lan ngumawulo dateng ngarsane Allah  swt
Kaum Muslimin Jamaah Sholat Idul Adha Rahimakumullah
Kagem kaum muslimin ingkang dereng keparingan kemampuan ninda’aken rukun Islam Ingkang kaping 5, dipun sunnahaken nglampahi sholah Idul Adha lan ibadah Qurban. Gambaran kehidupan kaum muslimin ingkang kados mekaten,  nedahaken hubungan ingkang kiat antawisipun  tiyang ingkang ninda’aken Haji , kalih sederek’ipun ingkang mboten nindak’aaken haji dateng Baitullah. Mulo saking meniko, kito sedoyo ingkang hadir meniko nindak’aken Sholat Idul Adha lan ibadah Qurban, ingkang hakikatipun meniko nedahaken wontenipun kesadaran, nglampahi Perintah saking Allah ugi Rasulullah saw.
Allahu Akbar...Allahu Akbar..Allahu Akbar Walillahilhamdu
Hadirin Rahimakumullah....
Sami kito mangertosi, bilih ibadah qurban meniko asal mulanipun saking sejarahipun Nabi Ibrahim, naliko panjenenganipun pikantuk perintah saking Allah swt, supados ngurbanaken putranipun ingkang asmo Nabi Ismail as, klawan coro dipun pragat ( dipun sembeleh). Lantaran raos keimanan ingkang kiat  dateng ngarsane Allah swt, Nabi Ibrahim nuli nglampahi perintah ingkang dipun tampi lewat ngiimpi meniko. Ananging sakderenge Nabi Ibrahim mragat putranipun, Allah utusan dateng Malaikat kanti ngasto mendo saking swargo,  minangko dados gantosipun Nabi Ismail as. Kisah meniko dipun abadi’aken wonten ing Al Qur’an  Surat Asshoffat ayat 102.
فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَّا بُنَيَّ اِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فّانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِيْ اِنْ شَاءَ اللهُ مِنَ الصَّابِرِيْنَ(الصفات 102)
 “mongko naliko lare meniko sampun dumugi umur sanggup usaha (ikhtiar) sareng-sareng Nabi Ibrahim. Nabi Ibrahim dawuh : “ he anak ingsun...saktemene aku ningali siro ono ing impen, yento aku mragat siro..”. mongko mikiro siro...piye panemumu.... deweke (Nabi Ismail) njawab “ Duh bapak Ingsun, panjenengan tindak’aken nopo ingkang sampun dipun perintahaken  dateng panjenengan meniko, Insya Allah panjenengan bade pirso, bilih kulo meniko termasuk tiyang ingkang sobar..” ( QS. As Shoffat 102)
Gambaran sejarah ingkang wonten al Qur’an meniko, nedahaken bilih kekuatan manah, keyakinan dateng perintah Allah, keikhlasan, ketaatan lan kesabaran...meniko dados inti saking ibadah qurban. Nilai-nilai  kados mekaten ingkang sampun dipun terapaken kaliyan Nabiyuna Ibrahim As lan Nabi Ismail As, wonten saklebete kisah ingkang estu-estu mengharukan.  Kesanggupan saking Nabi Ibrahim mragat putro kandungipun, Nabi Ismail As meniko, sanes dipun dasari roso remen ( mahabbah) ingkang ngawur utawi membabi buta, ananging dipun dasari raos yakin lan mantep bilih perintah saking  Allah meniko kedah dipun tho’ati. Malah, Allah swt paring perintah kados mekaten meniko minongko Pepeling utawi Tanbih dateng sedoyone umat ingkang bade dugi, nopo tiyang-tiyang meniko sanggup “ngurbanaken” awake piyambak, keluargane  lan bondo dunyone ingkang dipun cintai, demi jumenengaken perintahe Allah.  Lan nopo taksih wonten ingkang sanggup ngemban amanah dados kholifah  wonten ngalam dunyo meniko?
Allahu Akbar...Allahu Akbar..Allahu Akbar Walillahilhamdu
Jamaah Sholat Idul Adha Rohimakumullahu...
Wonten saklebete ibadah Qurban, nilai ingkang paling utama inggih meniko sikap batin ingkang arupi keikhlasan, ketaatan lan kejujuran. Tindakan lahiriyah tetep penting, bilih memang meniko muncul  saking niat yang tulus ikhlas. Asring sanget kito meniko dipun goda Syaitan, supados mboten ninda’aken ibadah Qurban, sebab ajrih lan kuatir dereng saget tumindak ikhlas. Syeh Hujjatul Islam Imam Abu Hamid al Ghozaly dawuh wonten Kitab “Ihya’ Ulumuddin, bilih Syaitan  meniko selalu mbisiki dateng kito :” gawe opo siro ngibadah, yen durung  ikhlas, luwih apik ora usah ngibadah”.
Ibadah Qurban mboten namung ngutama’aken tumindak lahiriyah, arupi shodaqoh hewan dateng tiyang sanes, utamanipun dateng fakir miskin, ananging ingkang paling utomo inggih meniko nilai ketulusan, sauger taqorrub dateng ngarsane Allah swt.
Dawuhipun Alllah wonten al-Qur’an
 لَنْ يَنَالَ اللهَ لُحُوْمُهَا وَلاَ دِمَاؤُهَا وَلَكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنْكُمْ ,كَذَالِكَ سَخَّرَهَا لَكُمْ لِتُكَبِّرُوْا اللهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ وَبَشِّرِ الْمُحْسِنِيْنَ (الحج : 37)                 
“ora bakal tumeko maring ngarsane Allah, daging (hewan) meniko, lan ora bakal tumeko ugo getihe, ananging kang bakal tumeko dateng ngarsane Allah, yo iku taqwa saking siro”. (QS. Al Hajj : 37)
Wujud ingkang paling penting saking ngibadah Qurban inggih meniko sedoyo tumindak ingkang sae. Sebab namung klawan mekaten meniko, kito saget taqorrub...saget peparek dateng ngarsane Allah, kados dawuhipun Allah :
فَمَنْ كَانَ يَرْجُوْ لِقَاءَ رَبِّهِ فَلْيَعْمَلْ عَمَلاَ صَالِحًا وَلاَ يُشْرِكْ بِعِبَادَةِ رَبِّهِ اَحَدًا  (الكهف 110)
“ Sopo wonge kang ngarep-ngarep ketemu klawan Allah, sakmestine agawe kebagusan, lan ojo ngibadah  marang Allah iku klawan nyekutuk’ake Allah marang opo wae” (QS. Al Kahfi : 110)
Allahu Akbar...Allahu Akbar..Allahu Akbar Walillahilhamdu
Jamaah Sholat Idul Adha Rohimakumullahu...
Anapun keutamaan tiyang ingkang berqurban, meniko katah sanget. Antawisipun kados ingkang diriwayataken sayyidina Ali ibn Abi Tholib, bilih :” sinten kemawon  ingkang ninggaleken dalemipun, sauger niat damel tumbas hewan qurban, mongko  saben langkahipun  dipun ganjar 10 kesaenan,dipun busek 10 kalepatan,dipun inggah’aken martabatipun 10 derajat.
Ugi nalikane daging qurban meniko dipun bagi-bagi, mongko saben sak suapan ingkang dipun dahar tiyang, mongko kagem tiyang wau kados mbebasaken putro wayah Nabi Ismail As.
Miturut setunggalipun riwayat  Wahab bin Munabbah, ingkang wonten kitab Durrotun Nasihin, Nabi Dawud As matur dateng ngarsane Allah : Duh Poangeran Kulo...nopo ganjarane tumrap tiyang ingkang qurban..?
Ankhiripun dipun jawab kaliyan Allah : Tak paringi anugerah kanggo wong iku, saben wulu siji sing ono ing kewan kang gawe qurban, iku 10 kebagusan, tak busek 10 kesalahane, tak angkat derajate 10 derajat. Saben wulu siji, iku podo karo istana kang megah ono swargo, widodari kang ayu kanggo bojone....”onoto ora weruh  siro Dawud,  yen qurban iku minongko kendaraan  lan dadi tolak balak ono ing dino kiamat?
Dawuhipun kanjeng Nabi Muhammad :
 عَظِّمُوْا ضَحَايَاكُمْ فَاِنَّهَا مَطَايَاكُمْ عِنْدَالصِّرَاطِ
“mulyakno qurban-qurban siro kabeh...sebab bakal dadi kendaraan siro nalikane nglewati Shirothol Mustaqiim:
Ugi dawuhipun Nabi Muhammad malih :
خِيَارُ أُمَّتِيْ اَلَّذِيْنَ يُضْحُوْنَ وَشَرَارُ أُمَّتِيْ اَلَّذِيْنَ لاَيُضْحُوْنَ
“Ummatku kang bagus, yoiku wong sing qurban, lan ummatku kang olo, yo iku wong sing ora gelem qurban.”.
Mekaten hikmah saking qurban kagem umat Islam. Mugi-mugi kito sedoyo tansah pinaringan hidayah saking Allah saget ninda’aken qurban kanti ikhlas sesuai tuntunan. Aamiin
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَلَّ اللهُ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَعُودُ باِللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ.اِنَّا اَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانحْرْ اِنَّ شَانِئَكَ هُوَ اْلاَبْتَرُ وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرٌ الرَّاحِمِيْنَ

KHUTBAH IDUL ADHA KEDUA

اَللهُ اَكْبَرْ( x 7 ) اَللهُ اَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَاَصِيْلاً, لاَ إِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاَللهُ اَكْبَرْ اَللهُ اَكْبَرْ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ. اَلْحَمْدُ لِلَّه الَّذِيْ اَفَاضَ نِعَمَهُ عَلَيْنَا وَاَعْظَمَ وَاِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَةَ اللهِ لاَتُحْصُوْهَا اَشْهَدُ اَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ اَسْبَغَ نِعَمَهُ عَلَيْنَا ظَاهِرَهَا وَبَاطِنَهَا وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ رَسُوْلٌ اصْطَفَاهُ عَلَى جَمِيْعِ الْبَرِيَّاتِ اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَهْلِ الْكَمَالِ فِي بِقَاعِ اْلاَرْضِ بُلْدَانِهَا وَهُدثنِهَا اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّد كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّد كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ اللهمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَات اَلاَْحْيَاءِ مِنهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَقَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اللهُمَّ اَصْلِحْ وُلاَةَ أُمُوْرِنَا وَبَارِكْ لَنَا فِي عَلُوْمِنَا وَاَعْمَالِنَا اَللهُمَّ اَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِنَا وَاَصْلِحْ ذَاتَ بِيْنِنَا رَبَّنَا لاَتُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ اِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَدُنْكَ رَحْمَةً اِنَّكَ اَنْتَ الْوَهَّابُ رَبَّنَا آَتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عّذَابَ النَّارِ سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

عباد الله: انَّ اللهً يأمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِي اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِدُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذكرُوا الله العظيمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْألُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أجلُّ وَاعْظَمُ وَأكْبَرُ
___________________
Untuk download dalam bentuk PDF, klik di bawah ini
https://drive.google.com/uc?export=download&id=15RH_3YqmuI8vZtI55glF5Xorv2k-H7hK
 

Related

Khutbah 1077950701601176500

POPULER

Arsip

KALAM HIKMAH

KEBENARAN YANG HARUS KITA IKUTI
Allah ta’ala berfirman,

وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَالرَّسُولَ فَأُولَئِكَ مَعَ الَّذِينَ أَنْعَمَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ مِنَ النَّبِيِّينَ وَالصِّدِّيقِينَ وَالشُّهَدَاءِ وَالصَّالِحِينَ وَحَسُنَ أُولَئِكَ رَفِيقًا

“Barangsiapa yang menaati Allah dan rasul, maka mereka itulah orang-orang yang akan bersama dengan kaum yang diberikan kenikmatan oleh Allah, yaitu para nabi, shiddiqin, syuhada’ dan shalihin. Dan mereka itu adalah sebaik-baik teman.”
(QS. an-Nisaa’: 69).


Total Tayangan Halaman

item